Senin, 27 Agustus 2012

  • Suket teki gawe tambatan 
  • Nandur jagung lemahe jemek 
  • Budal ngaji gawe pawatan 
  • Njukuk kudung tibae gawe lemek....

  • Sego rames ..kripik peyek...
  • Iwak sepat ,,nyeser neng wangan..
  • Awak greges..kokean melek ..
  • Njaluk pijet kok malah di jak dangdutan,,,

  • mlaku-mlaku ng tugu pahlawan...
  • yo gk lali klambian abang...
  • onok arek wedok moto bensinan...
  • tumpakno becak cemplungno blumbang...

Senin, 16 Juli 2012

Ngtung siji tekan limo ,Bareng wes diitung trus dijumlahno ,Sampean iki tak enteni ra rumongso ,Malah mlayu karo wong lio ..

Dalan lemah ditutup koralLuweh penak lek wes diaspalAkeh cewek ayu podho diobralSing elek malah jual mahal...


Gorengan yuyu disambel tarasiTambah seger ngombe es dawetPacar ayu gawene nganyelne atiMilih sing elek yang penting awet...

Nyampek trawas mbelani dugem,,,
Dompete kebek dadine ludes,,
Awan panas bengine adem,,
Irung pilek awakku nggreges,,

Awak nggreges ati nelongso,,
Gak arep sego kepingin roti,,
Bojo mblebes senengane lungo,,
Ngeneki soro bakulan panci,,

Nggregese rogo nang rupo lesu,,
Kate mertombo duwite entek,,
Supoyo rupo cek kethok ayu,,
Campuro konco sing rodok elek,,,

Kamis, 08 Maret 2012

Rabu, 29 Februari 2012

Wong Tuban



Ban mbledos moro nang tambal ban . . . 

Tuku tempe nang pasar loak . . .

Aku iki asli wong Tuban . . .

Kutho'ne wong dodol TOAK . . . 
      

Selasa, 28 Februari 2012

nang kletek kulak'an tomat..


gorengan tempe krupuk'e mlinjo.


wes siap tha rek kanggo jumat??

budal nang gbt ndukung BAJUL IJO!!
ono wong mati moco inalillahi

mari di sholati langsung d pendem


isuk mau mari di ceramahi


mergo di arani rai2 wong mendem
kayu keceng ojo dibelah,

ditoto miring ketok rajine...


ayu ganteng ora masalah,


sing penting apik atine...
"crito MALEM MINGGU"

malem minggu janjian mlaku mlaku...
nonton film kesenengaku...
ngguya ngguyu film,e lucu..
nganti ngompol njero suwalmu....
(jr saking kekel,e kepuyuh...xuxixixiii)

mari nonton kroso luwe...
mampir nak warung andok sate...
nek mangan sampe mele mele...
sunduk sate nyokrok telak,e e..
(....kemayu nek mangan ro pacar e....xixixixiii)

aku moleh yo diterne..
jare mergo tresno sayange...
tekan omah kok njepeple...
wedhi bapakku nggowo bendhe....
Bedak bayi warnanya putih...

Bedaki pipi menjadi bersih...

Hidup memang harus berani memilih...

Tapi jangan terlalu lama pilih-pilih...
lungo adoh nang karawaci


udan deres gak sidho budhal


bengi bengi nggudho banci

menek wit keres disawat sandal

Sabtu, 11 Februari 2012

Wong Tuban

Ban mbledos moro nang tambal ban . . . 
 Tuku tempe nang pasar loak . . .
Aku iki asli wong Tuban . . .
Kutho'ne wong dodol TOAK . . .
                                                         

Welcome to www.FreeSmileys.org




Rabu, 08 Februari 2012

Parikan

♫ Parikan ♫




mangan klencem dikei klopo..

numpak becak sikile gempor.


howoe adem bengong lapo.


plng enak ngekepi kompor..